SIAGA SEJATI
Jinurung
tekad jroning ati
Angger-angger
jejer kukuh dadya pager
Mandep
mantep manah manembah
Berbudi
laksana, dene
Obah
mosiking pakarti
Rinegem
subasita lan trapsila
Endah
kang sarwa jinantra
Kinalungan
kacu abang putih
Wruh marang
sakabehing kautaman
Ajur
ajer datan kajejer
Reroncen
janji ing DWI SATYA
Cetha
dadi ances tujuwanne
Apa kang
wus kaserat ing DWI DDHARMA
Bisa
tansah dadi paugeranne
Suci
pikiran lan pakertine
Utamane
tresna marang sepadha-padha
Kinarya
petuladhan jroning gati
Ora
cendhala, cidra, lan narkoba
Hanengenaken
urip prasaja
Ayo,
pramuka SIAGA Kwarcab Grobogan
Rawe-rawe
rantas malang-malang putung
Jejibahan
gung angantu kridhanira
Openana
IBU PERTIWI amarih raharja
Tidak ada komentar:
Posting Komentar